10.1.13

MAUIDOH KH. MAUMOEN ZUBAIR 1

الحمد لله المتوحد بانفراد المحامد نحمده سبحانه وتعالى ونشكره أن كنا من زمرة العابدين والزاهد والصلاة والسلام على سيدناومولنا محمد أفضل كل عابد وعلى اله واصحابه الذين جاهدوا فنالوا أجرالمجاهد دنياوأخرى أما بعد

Dumateng Bapak-bapak ingkang dipun paring dening Allah kanugrahan agung, kanugrahan ingkang agung inggih puniko saged ziaroh mekah lan madinah kanti haji lan nopo? Umroh. Bilih haji lan umroh niku salah setunggal ibadah, ingkang dipun lampai pertama kali Nabi Allah Adam 'Alaihis Salam, wonten ing alam dunyo. Adam dipun turunaken deneng Allah dateng India, wonten Srilangka, Srilangka panggonanipun begejin,panggonanipun syetan,milo bahasa arab naminipun كل سرانديب, sarondib dijawaaken serandel, niki temurune Nabi Adam. Siti Hawa diturunakan celak mekah, lah niki salah setunggal opo Allah SWT Adam lan Hawa didamel dateng Allah wonten suargo,nangeng kangge grame’aken dunyo. إنى جاعل فى الأرض خليفةAku bakal dadeaken malaikat ing bumi kholifah, penggantiku kanggo noto dunyo rupane Nabi Allah Adam sak anak turune.
            Poro sederek poro bapak ingkang kawulo mulyaaken, Gusti Allah ndamel alam niku wonten kaleh, ono alam mulki, ono alam malakut. Alam malakut niku bumi 7 langit 7, dadi langit sing 7 iku mlebu alam mulki, dawuhe Allah له مُلك السموات والارض “Iku kagungane Allah alam mulki, alam seng ketok mripat, alam langit 7 lan bumi, niki Allah. Alam langit 7 lan bumi,  niku seng paling utomo bumi, sebab bumi niki bakal digowo neng suargo, langit dilempit, dawuhe Allah والارض جميعا قبضة والسموات مطويات بيمينه.
            والارض جميعا قبضة bumi sekabehane 7, pitu niku sap-sape bumi, di gegem Allah, digegem Allah maknane iseh dipun cepengi Allah. والسموات piro-piro langit, مطويات  iku wes dilempit, mulane Allah sareng bumi,langit 7 didadekno mongso 6 dino خلق السموات والأرض فى ستة أيام “Allah gawe langit 7 (lan) bumi, 6 dino, bumine 4 dino (yaiku) ahad, senin, seloso, rebo, langite 2 dino(yaiku) kamis (lan) jum’at sabtu prei, libur”. Dadi sabtu iku ma’nane libur, dadi mulane dukun ora wani yuwuk yen dino sabtu, niki pengertian seng dasar nggeh to nggeh???. Dadi langit 7 (lan) bumi iku ono alam malakut yo ono, dawuhe Allah Ta’ala
وكذالك نرى إبراهيم  ملكوت السموات والارض وليكون من المو قنين
 وكذالك   lan koyo mengkono aku mersakno Ibrohim alam malakuting langet 7 lan bumi, niki Nabi Ibrohim. Dadi manungso oleh keapian, nek ngerti opo seng neng langit 7 iku ono alam mulki ono alam malakut. Alam mulki seng ketok, alam malakut seng ora ketok. Nyatane onten alam malakut ora ketok Gusti Allah damel jin, gawe syethan gawe malaikat. Alam malakut wong iku kadang ora ono apa-apane mangan terus, iki alam malakut, koyo dene Imam Ghozali.
            Imam Ghozali niku sakwuse kedudut dateng alam malakut, ninggalaken alam mulki, wong seng duwe jabatan dhuwur opo rupane, Imam Ghozali dadi punggawane kerajaan seng jenenge Nidhom. Nidhomiyah, wong iku yen biso dadi penguwoso iku mulyo. Bayarane wes dhuwur ora sithek. Imam Ghozali, kedudut mergo dewekne ileng menyang Allah, dzikir menyang Allah, sareng kadudut jabatan ditilar, ditinggal nyabrang padang pasir mulai Baghdad-Yaman 5000 km. Seng ngekei mangan sopo? Paham boten, diterangno teng Qur’an Siti Maryam, wong kristen santa maria, Siti Maryam niku diseleh kaleh Nabi Zakariya teng sampinge pengimaman. Dadi pengimaman iku tengah, seng lor panggonane khotbah, seng kidul lah wonten pengimaman maleh sakniki, niku mrengeti panggonane siti Maryam. Siti Maryam alit dipun salap teng kidule pengimaman, coro mriki teng kiwane pengimaman disukani kelambu. asal Siti Maryam iku ape dikirim wes ono panganan, iku alam mulki nopo Malakut niku? Malakut.
كلما دخل عليها زكريا المحراب  وجد عندها رزقا
"Saben Nabi Zakariya (ipene Maryam) arep ngirim panganan neng kiwone pengimaman, neng njero wes ono panganan". Niku malakut nopo mulki ? malakut. قال أنا لك هذا dawuhe Zakariya : “saben dino ono panganan terus daharan iki songko ndi ? ‘ قالت من عند الله    “ songko ngersane Allah “ ان الله يرزق من يشأ بغير حساب    “ temen setuhune Allah paring rizki wong seng dikersaake tanpo itungan “ niki Allah. Dadi Nabi Ibrohim diparingi ngerti alam mulki dipun paringi pengertian alam malakut, alam malakute Nabi Ibrohim dipun cebloake ing kawah condromuko geni, mestine mati Nabi Ibrohim dirantai, bareng diceblokno ing geni niki rantaine leleh, ucul, rantaine leleh Nabi Ibrohim ucul songko rantai diparingi kursi goyang ngarepe ono panganan genine ora mempan karo Nabi Ibrohim. dipun ngendiake Allah قل يا نار كوني بردا وسلاما على إبراهيم    “ ho… geni supoyo sliramu senajan panas dadio adem,   adem kerono Nabi Ibrohim “ niki jenenge alam malakut dadi sakniki bumi ono alam mulki ono alam malakut, ono alam mulki ketok.
Mulo sakniki ono ilmu falaq iso ngerti itungan cokrowolo, ngerti itungan falaq, falaq niki cokrowolo utowo planit, dadi planit 7 sakniki iso diitung jenenge ilmu falaq, mongko seng ngarang wong kafir, wong islam nguno iki gak iso. Ahli falaqe wong islam anut songko Inggris, mulane pokok itungan ilmu falaq iku landen. Dadi dawuhe bapak kulo, aku olehku kepengen ngaji falaq nok ….. tapi supoyo ilmiyah, tapi ilmiyah iku ojo mbek anut ongko ae, sebab ongko iki lebokno neng iki bok lebokno mesti neng iki iso roh barat kuwe. Wong kok dituntun ongko iku mesti bento nopo pinter? bento, wong ora ilmu. Niku pintere wong Inggrisj enenge kitab limughoribin … pedoman seng dinggo patoan landen, mung kyai muni landenالجزائر الخليدة   “ pulo-pulo abadi “ maknane gritisraya. Dadi kapan ono ilmu kok iso podo antarane wong islam karo ora islam iki alam mulki. Dadi sakniki ilmune langit 7 (lan) bumi apa itu orang islam apa bukan islam? podo, mergo iki alam mulki mulane ngerti jenenge rembulan planet kesatu, jenenge mars planet kedua, jenenge….. ….    Nomor 4 srengenge ,nomor 5 ……. Nomor 6 mushtari, nomor 7 suroya . Iso dikaweruhi, seng iso weruh iki seng akeh wong kafir niki alam mulki sebab iki wong kafir له ملك السموات والأرض "niku kagungane Allah, utawi alam mulkine langit 7 (lan) mulkine bumi”.
Saiki menurut kerajaan sampeyan delok, kerajaan niku mesti kawitane wong kafir, Nabi Ibrahim rajane kafir jenenge Numbrul, Nabi Musa kerajaane yo kafir jenenge Fir’aun, kanjeng Nabi yo wong kafir jenenge kafir Quraisy, niku alam mulki, tapi alam malakut gak ono kejobo wong Islam. Dadi wong seng diparingi koyo Imam Ghozali nyabrang 5000 km gak ono pangan, gak ono seng sangu iku, gak ono sangu iku kok iso? Iku alam malakut, malakut ndak bisa orang kafir, sami kaleh paham Al-Qur’an, wong kok iso paham Al-Qur’an coro ulama’ iku alam malakut, oleh karena itu Ilmu Al-Qur’an gak bisa dipelajari orang ilmuan yang bukan orang Islam jenenge wong Orentalis, iki jenenge alam malakut.
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken. Dadi Qur’an alam malakut bukan alam mulki. Mulane wong arab gak iso berbahasa Qur’an. Mulane ono wong kepengen ngalim kursus bahasa arab, ora iso ngalim, paling dadi warga saudi arabiyah, paham nopo boten, warga negara saudi arabia iku coro arab kabeh tapi orak ono seng ulama' arang-arang, mongko (padahal) bahasane Qur’an iku arab. Geneo kok iso koyok ngono? Ojo takok! Ini keanehan.
Poro sederek poro bapak ingkang kawulo mulyakan...  satu contoh mawon, Gusti Allah iku kadang beber rizqi ra ngeten... kadang gegem rizqi ngene, ngeten niki gegem nopo beber? Beber. Ngeten niki timbul lomo nopo kikir? Nek ngene. Dadi Gusti Allah kadang pelit seng ora dikei rizqi jajal tho, mergawe kangelan mangan wahe karo sedulitan sambel. Wonten nopo mboten? والله يقبض ويبسط mongso niku sampeyan delok, nek mongso Islam niku beber ngoten, nek sampean ndelok srengenge ngene. Dadi ono jembar iki sebab wong Islam, dadi kuwe takok sak dunia makmur iku sakwuse ono Kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi nentokno wong Islam mangan paling sitik 6 ons ¼. Nek normal, sampeyan sedoyo normal mboten? Wong-wong haji kok gak normal. Niku sedino kudu 9 ons 3/8, mergo wong nak normal dawuhe kitab-kitab mangane kudu sak mud setengah, sak mud 6 ons ¼, setengahe 6 ons iku 3 dadi berarti 9 ons, ¼ iku separone 1/8 dadi 3/8. Opo sebabe wong islam iku nek mangan sewulan kudu 28 kg Wajib, nek normal, rungokno niki nggeh to nggeh. Mulane kulo niki kyai nangeng ora podho karo kyai akeh. Kulo didawuhi bapak kulo والله العظيم “Mun, (dalem pak) aku iki kyai mesti ora podo karo kyai liane, aku iki kyai seneng enak dunyane yo seneng enak, nopone ? akhirate, dadi mbok kon mlarat dunyo yo moh. Tapi zo ono kyai melok seneng dunyo. Poso dalail 10 tahun. Jajalan kiro-kiro wong poso dalail 10 tahun iku mlarat nopo mboten mlarat? Yo ojo mbok plarati pancen dunyo ora ono apa-apane, ben mlarat, nek aku gak, seneng enak dunyane yo seneng enak akhirate. Dadi wafat kurang 20 dino pak, piye Mun, niku enak dunyone akhirate sepundi? Ngene, enak dunyone ojo faqir nemen-nemen, wong iku nek faqir mlarat, wong islam ojo faqir-faqir nemen, mergo wong sing faqir iku, nak loro untune ape tuku obat iku wae ora nduwe duit, iku gak mlarat!. Lha aku iki dadi kyai seneng enak nopo, donyane yo seneng enak akhirate. Dadi aku nyuwun karo Gusti Allah ora njaluk sugeh, tapi aku njaluk cukup. Niku bapak kulo,nggeh to nggeh.... wong niku nek cukup mangan keturutan. Bapak kulo niku nek dhahar engko esok wes ono order, seng ibuk kulo masak! Anu yo... Jangan kangkung, sesok sop, sesok... dadi, lha nopo kok bapak ngoten niku? Mangan niku enak nek ora dipekso, mulane wong ndeso iku gelis mati, mergo nek mangan dipekso terus. Rungokno niki, nggeh to nggeh....  dadi mangan niku sesok ngene, sesok ngene. Lho senajan sambal terong iku nak dikarepno enak timbang sate. Mulane aku wes medayoh karo wong seng sajakke mulyakno aku, akhire mlarat aku, la... wong piring iku dibleki panganan seng aku ora cocok, iku jenenge nopo?... kepek...kepekso...... dadi mangan iku anut slera. Mergo dawuhe Allah Ta’ala وقل ندخل هذه القرية وكلوا منها رغدا حيث شئتم , mangano kue lawuhe seng enak-enak milih seng cocok karo ilat iku enak tak kandani yo. وكلوا رغدا حيث شئتم , lan dhaharo siro kabeh seng enak-enak sak karepmu, endi seng cocok karo ilat. enak nopo mboten ngoten niku? Dadi mulane mangane wong islam niku piro? 9 ons punjul piro 3/8, maksude supoyo genep iku sewulan mangane 28 kg. Rungokno,monko ora ono wong jowo seng mangan 28 kg iku ora enek, mergo pancen didikane, didikane lawoh-lawoh seng ora enak, nggeh nopo mboten? Niki kulo kondo nabi, nggeh to nggeh.... wong nek gak nduwe iku 1 mud, nek wong seng normal pinten?.... 1 mud setengah, seng sugeh 2 mud dadi 12 ons setengah (1 Kg 1/4). Mulane nek wes 1 Kg ¼ yen wes tuo gak usah poso.Ing Qur’an
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ (183) أَيَّامًا مَعْدُودَاتٍ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ
Ora kok لا يُطِيقُونَهُ. wong sugeh iku, nek kon poso kuoso (mergo) mangane akeh, neng nek wes tuo ora iso mangan akeh, bareng orak iso mangan akeh kaporo neng dokter, niku coro peraturan orak kenek, orak mangan sampai 13 jam, kudu angger 3 jam mangan, mergo mangane akeh ora kuat akeh, dadi mangane kepekso sitik-sitik kapan sedelok wes lesu, sedelok lesu mulane Qur’an ngendikaaken
وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ
tumerap wong seng tuo poso, ditafsiri setengahe (kanthi) لا يُطِيقُونَه, setengahe tafsir ora usah ditafsiri, wong seng biasane mangan akeh kuoso poso nek wes tuo ora kuoso mangan akeh (sitik-sitik). Dadi kepekso ora usah poso nangeng bayar fidyah فضية طعام مسكين niki Allah,
Gusti Allah SWT gawe... rungokno niki geh... gawe dunyo niku kapan 700 tahun mesti rubah, sedurunge Nabi Isa kurang 100 tahun, rubah, rubahe peng pitu, 7 x 7 = 49, 100 tahun iku zaman kerusaane neng Bani Isroil sampek 600 tahun, berarti 600 + 100 pinten... 700, kanjeng nabi diutus. Sak niki pun 1400 tahun. Dadi mulai kanjeng nabi berubah peng kaleh, 700 tahun seng kuoso wong Islam, kholifah-kholifah Islam wong Arab, 700 tahun kuasone kholifah seng dudu wong Arab, 7 karo 7 pinten 1400, sak iki gak ono kholifah, wes ngene iki, mulane ngeneki sampean kudu ridloh. Islam tenan yo ora, ora Islam tenan yo ora, ora ono negoro Islam dadi sak iki kudu ridloh berjuang sitik-sitik, ora usah nemen-nemen, niki jenenge fitroh. Dadi fitrohe Allah iku loro, banyu niku mengisor nopo mendhuwur? geni niku mendhuwur opo mengisor?. Sampeyan delok, geni niku pusate (teng) srengenge, sampean nek mboten ngandel golek silih koco, ngisore ke’i kapuk, jam 12 kapuke kobong nopo mboten? Niku srengenge, pusate geni, Pusate geni pundi? Srengenge.
Ono banyu, agomo islam iku banyu أنزل من السماء ماء “Allah nurunno songko langit banyu” banyu iku seng dadekno keuripan, banyu niku para’e mengisor nopo mendhuwur? ora ono banyu menduwur. Neng geni para’e mendhuwur, segala apapun urusan iku ko geni, iso ono ngeni (suara mix diketuk) songko listrik, listrik ono genine nopo mboten? Menungso iso urip mergo ono geni, geni iku opo? Yang bisa untuk masak, sampeyan dahar sekul akhire dadi getih. Getih dadi loro, ono getih abang, ono getih putih. Abang dadi kauripan, putih dadi bibit, iki pumpung wonten dokter. Banyu , lha geni iku pusate srengenge. asal ijih ono srengenge ijih ono geni, nanging gusti Allah ora gawe srengenge iku seng iso dinggo mangan, seng iso di enggo mangan iku udan opo srengenge. Niki udan pokok rizki , udan banyu, geni srengenge, lha gusti Allah ngendiko, niki sampeyan angen-angen
والله يقبض ويبسط وإليه ترجعون
nek masalah agomo ngeten (beber), nek masalah dunyo ngeten (gegem), mpun ngertos dereng? Butuh keterangan nopo mboten?. Geneo nek dunyo kok ngeten (gegem) nek agomo mbeber?. Dunyo niku ngeten(gegem), mergo pokok dunyo srengenge, mentol leko', mentol leko', mentol leko' mentol.  Nek januari 31, pebruari lekok kurang 31, maret dhuwur 31, april lekok' 30, mei dhuwur 31, april lekok 30, mei dhuwur 31, juni lekok 30, juli mendhuwur 31, saiki ngaleh kene agustus 31, september mengisor, oktober mendhuwur, nopember mengisor desember mendhuwur. Pas nopo mboten? Iki wulan srengenge, mentole papat iku nek tahune mbok poro papat kok entek berarti pebruari 29, 2008 diporo 4 entek nopo mboten? (berarti) fepruari 29, 2003 entek nopo mboten? (Berarti) 28. Pas nopo mboten. Niki Allah. Nek agama mbeber ngeten, mergo kue nek poso karek ngitung limo, gek dek ane pasane kamis, itung limo, kamis, jum’at, sabtu, ahad, senen. Poso niki dinten nopo niki? Dinten senen yo penake. Sak iki senen sok ndak ene kapan posone? Senen, seloso, rebo, kemis, jum’at lho mbeber, pas nopo mboten?
Dadi kapan agomo iki ijeh Allah paring rizqi, kapan agomo iki entek. Tutup rizqi qiamat mpun sampean titeni mawon besok. Mulane ono wong mangan sampek 1 ½ mud, niku peraturane kanjeng nabi. Mergo wong Islam kudu enak. Ono wong Islam kok mlarat, ora patek Islam, tak kandani yo!. Mulane wong jowo mlarat dijajah londo sampek 350 tahun, iku salahe Gusti Allah opo salahe wong Islam? Ora iso Gusti Allah mbok salahno, tak kandani! Paham nopo mboten. Mulane kanjeng nabi diutus deneng Allah nyiarno agomo Islam, merdekaaken bangsa arab, merdeka kabeh, asale dijajah, makmur sampek wong arab mangane 1 ½ mud. Seng sugeh 1 kg ¼, mulane wong arab iku kapan umur 60 tahun ora kuat sembah yang ngadek. Mulane neng arab, masjid ono kursine. Mesir niku ¼, kursi, dadi sret kursi kabeh, mergo 60 keatas. Sembahyange teng pundi? Teng kursi, mergo kon ngadek ora iso, mergo biasane mangane akeh, wong nek mangane akeh, nek rukuk kejungkel tak kandani! Paham geh...
الله يقبض ويبسط karek ngitung mawon, niki poso senen, nggeh! Jeng ndek enten nopo? senen, seloso, rebo, kemis, jum’at nggeh. Kapan kawitan poso iku pas wulan riyoyo besar, paham nopo mboten niki, niki posone dino nopo? sok riyoyo besar yo senen, neng nek ora anut pemerintah, tapi nduwe pemerintah yo kudu anut, mergo (dawuhe) Allah SWT واطيعوا الله واطيعوا الرسول وأولى الامر منكم nek ora ono iku, yo karek ngitang – ngitung. Geneo kok ngono?... mergo kapan besar iku wong Islam wajib setengahe qil wajib, qurban. Coro madzhab Syafi’i sunnah nopo wajib? Sunnah muakad. Dadi ono wong kok gaktau qurban terus, angel dadi wong sugeh. Lha kuwe ngerti qurban iku nek wayahe poso. Dadi senen, sok ben qurbane yo senen, mergo bodo besar dino senen. Pena’e koyok ngono! Niki ويبسط واليه ترجعون maring Allah kuwe dek balikno kabeh. Nek syawal podo karo awal muharrom, dadi tanggal 1 muharrom podo karo bedane syawal. Niki qoidah kawitan. Awal poso podo karo riyoyo besar, wong Islam qurban.. (iku..) wajib, ono wong islam gak kuat qurban ora patek islam. mlarat, gak enek
ولله العزة ولرسوله وللمؤمنين ولكن المنافقين لايعلمون
Mulane kanjeng nabi Muhammad SAW niku sedoyo putrane diaqiqohi. Diaqiqohi nek lanang wedus 2, nggeh to nggeh.....? nek wedok wedus siji. Lha wedus iku dadi berkah, mergo DAM. Sak iki DAM arang-arang dibayar kaji. Bayar duwet ra ditukokno, tapi disak i  karo seng nompo duwet. Rungokno niki nggeh...! jenenge bisnis DAM. Lho njajal wedus iku akeh nopo moro sitik? Kulo niku nduwe wedus 50 moro entek-moro entek, karek 35, tak takoni “mati mbah”, lho jajal iki gara-garane, neng kono akeh kaji ora bayar DAM. Dadi iki fitroh, dadi fitroh iku opo?, fitroh iku idul fitri, idul iku riyoyo, fitri iku ma’nane menunjukkan asal menungso niki, asal fitrohe menungso niki dadi wong seng dingendikaake deneng Allah SWT. “Manungso iku tak mulyakno”.
ولقد كرمنا بنى ادم وحملناهم فى البر والبحر ورزقناهم من الطيبات وفضلناهم على كثير ممن خلقنا تفضيلا
ولقد كرمنا بنى ادم yekti tenanan aku mulyakno anak Adam.  وحملناهم فى البر والبحرtak kei (wenehi) kendaraan neng ndarat (lan) neng llautan.
Dadi wong orak kenek mlaku, ono wong nadzar, demi Allah aku nadzar arep neng suroboyo mlaku, ra wajib mlaku, mergo mlaku iku orak anggone manungso, anggone kebo lan sapi. Sampean delok, Kyai Faruq. Ono wong nadzar mlaku wajib dituruti ta ora, kan orak wajib wong iku to’at. Dadi ono wong mlaku iki ghoiru insaniyah ora peri kemanusiaan, kulo kondo hukum niki, hukum iku yo fiqih, nggeh to nggeh... iki sampean mangke tingali teng kitab-kitab. وحملناهم فى البر والبحر tak kai kendaraan neng daratan lan neng lautan, lho kok ono kredit sepeda motor seken (bekas) wae kok dirampas ora sedo nopo... lulus, kathah nopo mboten pak neng kene iki ora iso lunas. Dene dawuh kyai ان الله مع الصابرين Gusti Allah iku sumertane wong seng sabar-sabar. Ma’nane الصابرين iku مجاهدين ojo salah faham, ان الله مع الصابرين  (iku maksute) اى يحب المجاهدين lha mujahid podo ugo mujahidun nafsi (artine) Poso استعينوا با لصبر والصلاة kuwe njalok pitulung nek nduwe karep (kelawan) sabar, sabar iku poso, والصلاة lan sholat, ora kok sabar dikeprok meneng, diparingi faqir orak rumongso, mangan mok 3 ons, ora rumongso. Wong kanjeng Nabi netepaken mangan iku paling sitik 6 ons ¼ , seng sedengan 9 ons punjul 3/8, iku maksude ojo sampek kuwe sewulan kurang 28 kg. Opo sebab bulan iku sewulan 28 dalu. Kapan tanggal 14 bunder ser beraarti separoh, moro sudo-sudo separoh 14, 14 karo 14 pinten? 28, neng geneo kok ora kethok bulane, lagek angkrem, nggeh to nggeh? lha iku seng dadi wong priben, wong pinter podo pikiran nemen, neng endi bulane nek tanggal 29, 30. Nangeng wong sarang seng bento-bento, penakke ra karuan, lagek angkrem. Enak endi wong pinter karo wong bento? Niki Allah, dadi Allah pareng kados ngeten niki dadi 28, dadi wong islam ojo sampek mangan kurang songko 28 Kg, wong seng bermasyarakat.
Dene kue ape dadi waline Allah kenek kue, iku wes orak wong jenenge, waline Allah iku. Mergo wong kapan dadi waline Allah ora kenek ora eleng Allah sak kedepeng mripat
ولو خطرت لى في سواك إرادتك # على خاطري يوما حكمت بردتي
“Sak grenjet olehku ora eleng Allah podo karo wong kafir, iki waline Allah. Ono wali kok rokoan yo ora iso, niki Allah SWT. Dadi sak iki fitroh iku asal kedadiane menungso iku apek. Lan sopo seng dipilih menongso seng keparek dateng Gusti Allah iku fitroh. Diulang-ulang nganggo rembulan jajal... ora ono srengengene, dadi nek wes Islam kudu nganggo rembulan, tapi kuwe nek berjuang nganggo srengenge. Cubi olehe Qur'an le (saged) pas, jenengan tingali niki Qur'an saged pas, Kanjeng Nabi berjuang mulai berjuang من اول يوم  kawitane dino, kawitane dino kawitane tahun, dadi kanjeng Nabi mencanangken perjuangan mulai berjuang, niku wiwitane tahun nganggo srengenge, ora ngangge rembulan, lha Gusti Allah gawe coro Qur’an kawitane tahun iku naliko srengenge neng kidul, mergo رحلةالشتاء والصيف srengenge neng kidul mlebu kidul, iki ono ing خط الإستواء , خط الإستواء kapan teng kidul berarti tanggal siji, dadi telong wulan. Ngidul-ngidul telong wulan ngalor-ngalor telong wulan dadi separoh 6 wulan teng kidul separo srengenge teng lor khotul Istiwa', lha qur’an ngendikaaken srengenge iki kawitan kidul sek. Dadi kidul karo lor ndisik kidul, mulane kidul maknane tengen. Kidul maknane tengen, lor maknane kiwo. Lor arabe شمال kiwo lor, arabe جنوب  kidul tengen. Dadi جنوب kidul, شمال lor. Lho nek ono wong tangane tengen neng kidul, tangane kiwo teng lor ngadep ngetan nopo madep ngulon? Ngetan. Dadi wong iku nek usaha kudu madep ngetan, paham yo?..... ojo mok itung-itung yo Nganggo ilmiyah ngadep ngetan. Ngadep ngetan tegese ikhtiyar jamu wani, obat wani. Kue kok nentang Gusti Allah wong urip mati, iku wes kagungane gusti Allah kok katek mbok infus barang lah lapo. Iku lak koyo wani karo gusti Allah, dadi nek ihtiar madep ngetan ojo kok tekdiri gusti Allah orak usah sek nek bab iki wong ikhtiar, wayahe ikhtiar warisan, karo dulur oyok-oyokan yo tak lakoni wong wayahe ikhtiar paham nopo mboten niki? Rungokno niki geh...
Dadi kuwe nek ikhtiyar kok... wes kabeh Gusti Allah engko nek kenek ambruk dewe, bar nak ngono! Mulane wong jowo dijajah Londo 350 tahun, mergo nek pitutur, ngalah wae cung,.. kepenak lo jajal wonten nopo mboten ngeten niki. Kuwe delok nek khtiyar madep nopo? Ngadep ngetan, Neng nek nyembah Allah ngadep pundi? Ngadep ngulon, dadi ora kenek ngene iki bertentangan karo ikhtiyare, dadi kudu pasrah karo Gusti Allah. Neng nek ngetan ora kok pasrah, wong golek duwet kok pasrah, entek duwitem. Dadi جنوب pundi? Kidul, tengen nopo kiwo? Tengen. شمال kiwo, lor, ngadep ngetan. Dadi mulane shohabat menang, ikhtiyar wani. Sayyidina Ali tukaran karo Abu bakar Ga'popo, lha wong ikhtiyar. Lha kene rak gak, alah ngalah wae cung cung. La.. Kyai kok ngono iku ketemu pirang perkoro, rungokno niki..nggih to nggih, lha nek (madep) ngulon, tengen teng pundi? Lor, nek kiwo? Ngidul. Dadi mulo meniko menungso niki kudu weruh opo sing neng langit, ndi opo sing neng langit, iku mesti mlakune ngetan, gak ono sing mlaku ngulon. Lha sak niki menungso niku sing paling kudu dirohi rembulan, sampean tingali rembulan nek tanggal siji teng pundi? teng kulon, nel tanggal 14 teng pundi? Teng wetan. Lha  niki mlaku nopo meneng? Mlaku, ikhtiar, nanging ijeh kalah karo geretane Gusti Allah, senajan dokter lengkap, teknologi lengkap, mesti matine kuwe, tak kandani. Dadi kalah karo ambles niki. Dadi piye wae ambles, niki ikhtiyar (lan) idlthiror. Dadi ikhtiyar mlaku ngetan, idlthiror mlaku ngulon, kuabeh, sekabehane opo wae mesti mlaku ngulon. Milo niki kulo matur “sakniki, niki kulo syukur dateng Allah SWT, boten kampanye kulo, wong Indonesia niki sakniki kudu syukur umume ngresulo, penggaweane angel, neng ora syukur karo Allah SWT. Kulo niki cilik sampek kulo umur 15 tahun, niku sampek 20, 30 niku wong Indonesia mangan sego jagung 7 wulan, sego beras 5 wulan. Sampean tangkleti sing tuwo-tuwo, wonten nopo boten niki? Mbiyen mangan sego pinten? 5 wulan. Kapan wes grengseng mangan jagung. Saiki jagung ora payu mergo wonge mangan opo? Mangan beras, niki من حيث لايحتسب naging wonge gersah mergo penggawehan kurang, penggawean kurang mergawe angel, ono lowongan mergawe 50, sing nyalon sewu. Geh nopo boten niki? Sampean angen-angen, tapi wonge haji niku sampek sakniki wonge oyok-oyokan haji, mpun daftar 2009 iku mpun penuh, 2008 durung berangkat, 2009 mpun penuh, sampean rungokno, ngenteni nek kuwe ape haji ngenteni tahun pinten? Tahun 2010 M. Iku sampean angen-angen, niku wonge cukup-cukup nopo mboten sakniki? Mbiyen zaman pak Harto, pajek iku mok kanggo separo biayane negoro, sing separo utang. Sak iki pajek iku orak ono utange malah kanggo yaur utang, roto-roto setunggal tahun 200 triliun kanggo yaur utang, zaman utange pak harto bung karno, Neng wong gersah ngelek-ngelek SBY terus geh nopo mboten? mergo SBY penggawean angel gak rumongso de e mangan beras terus, gak rumongso kaji sampek rong tahun, ora utang luar negri malah mbayar utang, ape dodol wes akeh sing wes didol, niki kulo supados syukur dateng Allah, supados Allah SWT ومن يشكر فإنما يشكر لنفسه “wong gelem syukur manfa’ate neng awake dewe”. Dadi bangsa Indonesia saiki kudu syukur saiki wes iso mbayar utang, wes ngono setahun mangan beras terus, pajak cukup kanggo mbiayai negoro, kanggo mbayar utang.
Niku kulo angen-angen opo sebabe?, sebabe ora ono kejobo wes ketok, Saiki wong sembahyang, jajal sampean tingali wong anti sembayang ora ono, anti Islam ora ono, kabeh seneng sembayang, saiki delok, biyen kulo niku teng kantor, kulo niku selawase teng kantor mbuh dadi DPR mbuh dadi opo, kulo niku Kyai nanging gelem nyorek bayaran. Lho kulo niku ngertos mbiyen niku teng kantor gak ono wong wedok nganggo jilbab, sakniki kulo tingali teng kantor-kantor, wadon-wadon nganggo jilbab. Niki perjuangane sing wong haji-haji kudu diterusno supoyo syi’ar Islam niku ketok, diketingalaken. Iki lagekأبتدأالإملاء  wong enake koyok ngene jajalابتداء الإملاءenake koyok ngene, sampean tingali niki Insya Allah nek diterusno sholat, wong sing haji-haji melopori sholat, wong haji-haji melopori poso, melopori macem-macem amaliyah Islamiyah   إن شاء الله ora sampek 5 tahun Indonesia dadi بلدة طيبة ورب غفوز niki kulo mengarepaken, kulo ngarepaken. Milo saking meniko kulo suwun syukur iso diparingi haji mergo wong iku nek haji dewe (beda) karo sedurunge haji, wong kulo biyen naliko durung haji, kulo haji tahun 49, sakdurunge 49 angger ono tontonan wayang kulo mesti ndelok, kadang-kadang melu ubyuk klutuk neng omahe tonggo, bareng bar haji والله العظيم boten nate blas, yo ora isen yowes ngono. Dados milo bar haji di ati-ati ampun ngants dados haji sing ndadekno kepalak, kepalak iku ora iso keparek dateng Gusti Allah, lan tengere haji iku mabrur. Setengah saking tengere bar haji niku rizqike moro tambah enak. Koyo Nabi Ibrohim bareng Nabi Ibrohim bar haji niku ora tahu dahar nek ogak ngelumpukno wong satus, sampek asune Nabi Ibrohim sewu, sampean tingali teng Durrotun Nashihin, asune sewu. Mergo dunyone akeh, dunyo nek akeh syari’at ngenekno ingon-ingon asu.Dawuhe kanjeng Nabi  الا كلب ماشية او كلب زراعة Teko dunyo kene.
Mulane asu iku yo mok ingoni ganjarane moro entek mergo Malaikat iku ora iso kumpul karo asu. Omah ono Asune orak dileboni Malaikat, nggeh to nggeh? Kanjeng Nabi dijanjeni karo Malaikat Jibril “Kulo baadhe sowan mangke sekedap maleh”, tapi ora sowan-sowan nyampek rong dino, digoleki, dadak sembahyangane Nabi ono kirike, di tokno, bareng ditokno Malaikat Jibril melbet. Milo mboten mlebet keranten ono kirik. Malaikat iku nek ono kirik ora iso melbu omah, lho jajal !faham nopo mboten niki??? Tapi kowe seneng kirik kualat karo Kanjeng Nabi, nangeng anti kirik kualat karo Nabi Ibrohim, lho angele koyo niki. Mergo Nabi Ibrohim iku asune pinten? 1000, mergo saking sugehe.
Dadi bar haji iku gowo sugih, milo seng dereng haji, seng wes kliwat hajine yo wes. Kulo niku nek teng Arofah seng kulo suwun, supoyo dadi wong seng cukup rizqine, isin kulo, bar haji kemlingkeng, aduh mlarate nggeh to nggeh?! Kulo niku kapan teng Arofah, Ya Allah panjenengan ngapuro doso kawulo, kulo sampean paringi pituduh, pejah gesang netepi agama Islam, anak-anak kulo nurut, peng gangsal (lima), rizqi kulo bar haji jenengan paringi seng kuatah. Wah, kulo titeni angger bar haji niku oleh wae rizqi kulo. Lha tengere hji kok penak iku lak berangkat, wong kulo haji niku bolak-balik, angger berangkat niku kok tak-tek tak-tek. Wah, lak muleh bakal rizqine akeh,kok nyampek utang bank iku kadang nak muleh ditageh bank. Lak wonten haji utang bank, nggeh to nggeh? Milo sampeyan lak haji golek seng gampang lungane haji, kok ogak iso alok alok nabung neng bank sitik-sitik, nek wes cukup karek budal plek. orak usah mok bahas, gak haram iku nabung nek bank? Sak iki zaman akhir iku pancen ende barang seng golek pangan niku rodok haram-haram sitik. Tak kandani yo? Faham nopo mboten niki nggeh? Nangeng ngono yo ngono, nanging ojo ngono!. Lha piye? Piye kok gak haram sitik-sitik, wong nak ape haji wae setor neng bank, lha sak iki nak setore neng bank, e...sitik-sitik sak iki nabung, yo sitik-sitik ngoten mawon. Dadi zaman akhir iku sami dipun qiyasaken, wong iku nak petok wong wedok kudu merem. Dawuhe Allah SWT فقل للمؤمنين يغدون من ابصارهم , kandakno wong mu’min nek kepethok wong wedhok kudu merem, lha zaman akhir lak ketemu wong wedhok kudu merem, yo nabrak kuwe, nyupir ketemu wong wedhok merem, nabrak mboten? Nabrak. Lho sak iki pancen duit iku songko bank kabeh, sak niki kulo mulo mulai biyen alit duit niku mas seloko, kulo taseh ngonangi zaman londo, trus duit kertas nanging ora gene bank, wek’e pemerintah jenenge ORI (Uang Republik Indonesia). Sak iki ora uang ORI, tapi bank Indonesia. dadi nek nyimpen neng bank yo karepmu, pancen duwet bank, lha ngoten to nggeh! Nanging seng ati-ati akhir zaman saiki eh nyrempet yo nyrempet neng ojo nemen-nemen, artine nek kue oleh duwet kei shodaqoh kei zakat ,paham nopo mboten niki. Mulane kulo niki nate teng Sudan (teng mriko bahas) bab zakat, sampean dereng nate teng Sudan. Kulo diundang teng Sudan, Sudan niku sak kulone mesir niku Sudan, kulo diundang teng Sudan ken nganyari tretek "nganyare tretek wahe kok ngundang Kyai Maimon" mergo Sudan iku kotane loro khurtum lan abed nil banget dawane orak ono treteke,     mulahi tretek digawe dadi, kulo diundang, bareng diundang teng mriko kulo dijak diskusi zakat. Diskusi zakat, zakat niku rubah biyen seng dizakatno duwet نقد , lah   نقدniku الذهب والفضة mas lan sloko. Sak iki wes gak ono nduwet mas (lan) sloko, mulane نقد ma’nane kes, kes iku kenceng, kanggo pembayaran iku mas lan sloko biyen akhire uang tanggungan kertas, tur ijeh ono borekh teng gone bank mas sleko, sak iki gak, wes gak ono borekh wes ke e bank. Paham geh... Saiki bank bisa mencetak atas dasar apa yang menurut UUD. Lha sak iki nek kowe ngenteni zakat Iku mas sloko, duwet ora mbok zakati, duwet kertas niku kan akhire entek.
تؤخد من اغنيائيهم وترد الى فقرائهم
wong sugeh kudu bayar wong faqir : zakat “lha saiki wong sugeh saiki sugehe ora sugeh mas sloko, tabungan duwet teng bank. Dadi saiki ndi kapan duwet saiki wajib zakat. Saiki tijaroh niki contoh mawon seng aran tijaroh iku تقليب المال  “molak-malike bondo”, kulak, bar kulak didol. Saiki gak ono nguniku buka toko gede Indomart seng nduwe tukang dodol seng ngejoki yang menanam modal, ora ono تقليب المال wong ora ono kulak. Kene ngedol terus, kene ngejoki terus, ora wajib zakat ora ono قترد الى فقرائهم . dadi saiki nganggo madzhab, seng madzhab kewajiban zakat sopo wae wong seng sugeh. Dadi nek sugeh zakat senajan piye mboh, iki duwet piye ae tak zakati, wong kok bayarane akeh, mergo ono wong bayarane sebulan 50 juta, mentri utowo iko iki, sedino mok entek sejuta, 30 juta luweh 20 juta, yo kudu zakat, zakate jenenge انفاق (infak).
ومما رزقناهم ينفقون او لئك على هدى من ربهم واولئك هم المفلحون niku kulo teng Sudan dipameri ngoten, kulo kapureh jawab, kulo kondo teng Indinesia madzhabe Imam Syafi’i ora ono panitia zakat negoro, disini diurusi oleh negara, kepala zakat Presiden, badan pelaksana Sekjen, sekertaris jendral urusan zakat. Dadi kulo teng mriku tertarik iso ono kemajuan tur dicocokno nganggo madzhab-madzhab seng ono teng kitab Fiqih. Kulo dikandani sebagian besar teng Sudan madzhab seng diikuti masalah zakat iku madzhab Imam Hanafi, wong Sudan madzhabe Maliki, mulo niku panjenengan sedoyo mboh seng haji utowo wong seng arep haji supoyo ngelakoni agomo Islam, perintahe Gusti Allah tanpa pandang fanatik madzhab. Dadi madzhabe Syafi’i seng ora apek yo ojo nganggo madzhabe Syafi’i, koyo naliko towaf, contoh towaf niku coro madzhab Syafi'i kapan kesenggol wong wedok batal, mongko nek kesenggol-senggol trus, batal trus, ape wudlu neng endi kuwe? Niki Allah milo niku mawon atur kulo, milo elen-eleng olehe يقبض ويبسط nek يقبض rembulan nopo srengenge? Srengenge. Nek  يبسط ? rembulan. Dadi kapan ijeh ono ngelakoni agomo Islam seng patokane nganggo rembulan, niki Allah ijeh paring rizqi. Milo alamate rizqi jembar wong seng bar haji ngono mestine. Dadi nek ono mobil apik niki kagungane pak haji yo pantes. Ono mobil elek niki haji misbah seng gadani, dorang-dorong pantes nopo mboten? Nggeh niki cekap semanten mugi-mugi manfaat. الفاتحة





0 komentar:

Post a Comment

 
oleh Ahadan blog | Bloggerized by Ahadan | ahdan